Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Naskah Stand Up Comedy Bahasa Jawa Paling Lucu

Contents [Show]

Naskah Stand Up Comedy Bahasa Jawa Paling Lucu – Stand Up Comedy adalah salah satu genre melawak yang pelawak nya sering disebut dengan komik, komika menyampaikan materi stand up comedy berdiri diatas panggung di depan penonton.

Tugas pelawak hanya satu yaitu membuat penonton tertawa dan terhibur oleh karena nya materi stand up comedy dibuat selucu mungkin bahkan terkadang kata – katanya ada sedikit yang nyeleneh namun itupun salah satu cara untuk membuat orang lain terhibur.

Di Indonesia sendiri banyak komika terkenal seperti Raditiya Dika, Dodit Mulyanto dan lain sebagainya, dan berikut beberapa materi yang sering digunakan, stand up comedy bahasawa jawa tentang sekolah, materi stand up comedy bahasa jawa tentang orang jomblo dan masih banyak lagi yang lainya.

Orang jawa selalu berhasil membuat orang lain terhibur hal ini mungkin dikarenakan pembawaan bahasa jawa yang khas ( medok ) seperti yang disampaikan dodoit mulyanto.

Dibawah ini adalah materi stand up comedy singkat bahasa jawa

Halo dulur... Yok opo kabare? Penak jamanku to? Yo mesti ae. Jamanku ndisik kabeh serba gratis. Mangan gratis... Omah gratis... Sekolah gratis... Rabi yo gratis... Bapakku sing mbayari

Jaman saiki? kabeh kudu mbayar Mangan mbayar... omah mbayar... sekolah mbayar... rabi maneh yo mbayar Utang tok sing ra usah mbayar

Guyon dulur... masio utang yo mbayarlah. Kecuali... ora ditagih!!

Sak jane jaman biyen karo saiki yo podo wae. Penak ra penak iku tekok awake dewe. Nek pingin urip penak yo kudu sregep anggone nyambut gawe. Endi ono wong gaweane mung lumah-lumah kok njaluk rejeki akeh. Pitik ae leren ceker-ceker supoyo iso mangan. Opo maneh siro, babonane...

Sakjane wong urip bahagia iku sederhana kok. Ojo rumongso susah!

Masio isine dompet mung gambar wong brengos nggowo berang, nek disyukuri yo nggarai ati seneng. Sing penting rukun karo anak bojone, apik marang tonggo teparo lan guyup karo kanca-kancane. Bener opo bener? Awas nek njawab salah

Jare Paijo kancaku, “Ancen penak nek ngomong, duit serepes sing penting ati ayem mesti bahagia. Bahagia ndasmu! Deloken kae photone bojoku nok pesbuk, lambene mecucu!”

Oalah... tak pikir bojone Paijo pasang photo mecoco nok profile pesbuk iku mergo niru gaya selfie duo Serigala. Tibakno mergo blanjane kurang.

Hadow... jian mbanyol tenan kok, koyo nonton acara stand up comedy!

Untung ae bojoku lambene rodo ndomble. Dadi nek pas mecucu ora ketok

Ndelok nasibe Paijo ngono iku aku rumongso bersyukur. Uripku ora sesoro dekne. Lha iyo, urip pisan kok digawe susah. Kuat dilakoni, nek gak kuat yo... tumpakno becak

Tapi jenenge wong urip iku yo ora kok kudu seneng terus. Kadang yo soro barang. Anane iso ngrasakno penak iku nek tau ngrasakno ora kepenak. Contone kancaku sing jenenge Mario. Deweke iso ngrasakno penake dadi wong sugih mergo ndisik tau melarat, tau nduwe jeneng Mariono, tau diwadani Mario Telek.

Ndelok nasibe Mario ngono iku aku dadi tambah semangat makaryo, cekno iso ketularan sugih. Alhamdulillah keturutan. Aku saiki wis kuat nduwe omah mewah... mepet sawah.

Rapopo, masio omah elek elekan mepet sawah sing penting ora usah ngontrak. Durung kuat sugih yo tak syukuri wae, sing penting cukup. Cukup nggo nguripi keluarga yo cukup nggo mbandani gendhakane...

Guyon dulur... Aku kan tipe suami setia, gak mungkin golek gendhakan. Kecuali... kepepet!

Simbah tau ngekei wejangan ngene, “Nek pingin uripmu tentrem kudu tansah eling lan waspodo,”. Artine: eling marang gendhakane lan waspodo ojo sampe ketemon karo bojone.

Sing ngguyu cekakakan iku mesti nduwe true story

Serius iki... Tegese eling lan waspada iku: eling marang Gusti Allah kang maha kuasa lan waspodo karo tindak tanduke awake dewe. Mergo nasibe menungso iku ora iso ditebak. Kadang nok ngisor, kadang nok nduwur. Kode togel ae angel ditebak, opo maneh nasibe manungso

Nek pas nok nduwur, ojo mentang-mentang sok adigang adigung adi bing slamet (adiguna keles). Ngomong sak ngomong sing ngati ati, ojo duwur duwur mundak lambene kesampluk pesawat.

Semono ugo nek pas nok ngisor, ojo nggresulo wae. Anggepen Gusti Allah lagi ngekei ujian. Sing semangat, ojo klimbrak klimbruk kaya gombal mukiyo mundak dilaundry karo malaikat!

Mangkane dadi wong iku ojo ndlujur koyo bis sumber kencono. Kadang kudu ndingkluk mengisor, kadang ndongako menduwur.

Pancen bener kandane Simbah. Buktine, wingenane aku mlaku ndingkluk nemu duwit sewu Pas ndongak menduwur... eh, nemu arek prawan ora katokan lagi menek pelem

Weleh-weleh... rejeki cap opo kuwi hahahai!!

Guyonan stand up comedy koplak ngene iki yo termasuk cara menikmati hidup dulur... Wayahe temen yo sing temen. Wayahe ngaso, yo digawe santai guyonan ben ra stress. Pokoke keep calm and no merengut ajalah bray...

Ora usah mbanding mbandingno jaman biyen karo saiki. Paling nggak golek hiburan jaman saiki luwih gampang. TV, internet wis nyediani sarana komplit, termasuk blog republik gondes iki

Jaman ndisik, hiburane paling nonton ludruk, kethoprak ikupun nek pas ono wong sing nanggap TV-radio yo jarang sing nduwe Hiburan paling gampang jaman mbiyen iku.... kelon!!.

Wis, ngono waestand up komedi Jowo dialek JawaTimuraniki tak cukupke sakmene wae. Mugo-mugo dulur kabeh urip bahagia.

Sing lanangtak dongakno tambah ngganteng. Sing wedok tak dongakno tambah ayu. Sing LGBT

tak dongakno ndang insyaf! tuku kupat nok suroboyo... wonten lepat nyuwun

sepuro

Sumber: republik-gondes.blogspot.com

Tags: stand up comedy bahasa jawa tentang sekolah,naskah stand up comedy untuk pelajar,naskah stand up comedy terlucu singkat,teks stand up comedy,materi stand up comedy tentang jomblo,materi stand up comedy tentang sekolah smp,materi stand up comedy tentang guru,naskah stand up comedy bahasa jawa ngapak

Post a Comment for "Naskah Stand Up Comedy Bahasa Jawa Paling Lucu"